Ing ngisor iki amratelakake urut-urutane Wahananing Dzat kabeh.
Dzat mutlak kang kadim azali abadi.
1. Chayu, tegese urip, kasebut atma.
2. Nur, tegese cahya, kasebut pranawa.
3. Sir, tegese rahsa, kasebut pramana.
4. Roh, tegese nyawa, kasebut sukma.
5. Napsu, tegese angkara.
6. Akal, tegese budi.
7. Jasad, tegese badan.
Dene Dzat iku tanpa tuduhan, amung dumunung ana rambahi ana sajroning urip kita, ananging akeh kang pada katambuhan, awit dening binasakake ora mawa jaman makam, tegese ora arah ora enggon, akanta tanpa warna tanpa rupa , asifat elok dudu lanang dudu wadon dudu wandu, dipralambangi : ”Kombang angajap ing tawang”, tegese : kombang angleng ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut : la takyun, saka durung sanyata ing kahanan.
Dene Cahyu iku minangka tajalining Dzat, awit kasorotan saka purbaning Dzat sejati, dipralambangi : ”Kusuma anjarah ing tawang”, tegese : kembang tuwuh ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut : takyun awal, dening wiwit sanyata ing kahanane.
Dene Nur iku minangka tajalining Chayu, iya iku dadi sesandaning urip, awit kasorotan saka wisesaning atma sajati, dipralambangi : ”Tunjung tanpa talaga”, tegese : kembang terate urip ora mawa banyu, mula ing dalem martabat kasebut : takyun sani, dening wis sanyata kahanane.
Dene Sir iku minangka tajalining Nur, awit kasorotan saka wisesaning pramana sajati, dipralambangi : ”Isining wuluh wungwang”, tegese : ora kawistara isen-isening wuluh wungwang iku,mula ing dalem martabat kasebut : akyan sabitah, dening sanyata tetep ing kahanane.
Dene Roh iku minangka tajalining Sir, awit kasorotan saka wisesaning pramana sajati, dipralambangi : ”Tapaking Kuntul anglayang”, tegese : ora mawa labet tapaking manuk kuntul anglayang iku, mula ing dalem martabat kasebut : akyan kajariyah, dening sanyata metu ing kahanane.
Dene Napsu iku minangka tajalining Roh, awit kasorotan saka wisesaning sukma sajati, dipralambangi : ”Geni murub ing teleng samudra”, tegese : kaelokan urubing geni ana sajroning banyu iku, mula ing dalem martabat kasebut : akyan mukawiyah, dening sanyata urip ing kahanane.
Dene Budi iku minangka tajalining Napsu, awit kasorotan saka wisesaning angkara sajati, dipralambangi : ”Kuda ngerap ing pandengan”, tegese : jaran anyander isih kinarung ana sajroning jajaran dadi upacara, surasane pada karo pralambang : lumpuh angideri jagad, mula ing dalem martabat kasebut : akyan maknawiyah, dening sanyata kawedar ing kahanane.
Dene Jasad iku minangka tajaline Wahananing sifat, dadi embane para mudah kang wis kasebut ing ngarep mau, awit kalimputan dening pakumpulaning sorot, pada sumarambah amaratani salir anggaotaning badan jasmani kabeh, mula manawa isih jamaning sifat, dipralambangi : ”Kodok kinemulan ing leng”, tegese : kodok iku ngibarating mudah kang ana sajroning jasad, eleng ing ngibarating jasad sajabaning mudah, iya iku kahaning Dzating Gusti isih kalimputan dening sifating kawula, dene manawajamaning Dzat ing delahan, dipralambangi : ”Kodok angemuli ing leng”, tegese : jasad genti dumunung ana ing jero, iya iku kahanane sifating kawula wis kalimputan dening Dzating Gusti, dadi pada tarik-tinarik, tetep-tinetepan, kaya ing ngisor iki dasare.
DERAH KAHANANING DZAT ING DUNYA LAN ING DELAHAN (ACHIRAT)
Kodok kinemulan ing Leng - Kodok angemuli ing Leng
Kahanane ing Dunya —– Kahanane ing Achirat
DZATING GUSTI KANG NGUWASANI
ING ATASE TURU TANGI LAN PATINING JSAD KITA
Balik mungguh Dzating Gusti iku kaceke karo kawula dening adanbeni pangawasa, wenang ambabar prabawa sarta anarik wedaring gelar kukudan.
Kaya upamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirep dening wisesaning suksma, rerem sajroning Bait al makmur, banjur amuntu ing wiwaraning pramana, anglerep saniskaraning pancadriya, mangka kaprabawa dening pangawasaning suksma anggelar pangrasa, wahanane dadi turu kahananing jasad kita, ing kono saka pangrasa katonton alaming ngimpi, kalaksanan saliring saloh bawa kabeh.
Manawa pangawasaning suksma wis ambabar pancadriya sarta ambabar wiwaraning pramana, banjur angredakake hawaning napsu, anuwuhake pangrasaning budi nganti sumarambah ing jasad kabeh, ing kono wahanane dadi tangi kahananing jasad kita, banjur weruh maneh marang saniskara kang katon ing alam dunya, mula dipralambangi : anenun senteg pisan anigasi tegese : lagi sadela ing paningaling alam ngimpi banjur bisa weruh kang katonton ing alam dunya maneh.
Kaya mangkono uga umpamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning bbudi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirep dening wisesaning suksma, wisesaning suksma kakukud marang pangawasaning rahsa, banjur luluh manjing ing dalem pranawaning cahya, anunggal karo purbaning atma, mulih dadi sajatining Dzat mutlak kang kadin azali abadi, ing kono wahanane diarani matri kahananing jasad kita, ananging satemene ora mati, amung ngalih panggonan bae, malah waluya uripe langgeng ana ing kahanan kang maha mulya, mula dipralambangi : tanggal pisan kapurnaman tegese : durung suwe tumitah ana ing alam dunya, banjur bisa bali maneh dadi manungsa kang sampurna sarta waskita ing saniskara.
PATRAPE MANEKUNG SAKA WASIYAT DALEM KANJENG PANEMBAHAN SENAPATI INGALAGA
Dene santosaning pangesti kayektekake kang dadi tandane, iku Manawa pinesu ing sajroning manekung anungka semadi aneges karsa, amrsudi kawasa, adapt kang wis kalakon, ana mangunah teka kagawa ing utusan metu saka sarira kita kang amaha mulya, amawa tanda katon saka pramana karasa ing dalem rahsa, ing kono Manawa katarima kang cinipta dadi, kang sinedya ana, kang kinarsan teka saka parmaning Kang Kawasa, mungguh pratikele Manawa arep manekung saka wsiyate Kanjeng Panembahan Senapati Ingalaga Mataram, kaya ing ngisor iki.
Wiwit angurangi dahar sare, anyegah sahwat ambirat napsu hawa ing sawatara dina, banjur pasa anglowong sarta ambisu ing dalem telung dina telung bengi, ora kena angemu sak serik duka cipta, Manawa pasane wis kari sawengi ora kena sare, bareng ing wayah tengah wengi adus banjur manganggo kang sarwa suci, sarta akekonyoh (damel) ganda wida jebab wangi (minyak wangi), adedupa madep mangetan utawa mangulon angarepake keblate dewe, tumeka ing wayah bangun esuk iku wiwit tafakur mati raga nutupi babahan nawasanga, patrape pitekur, jempol sikil ketemokake pada jempol sikil dipapak, polok katemukake pada polok di gatuk, jengku katemokake pada jengku dirapet, palanangan sapalandungane sinipat karo jempol sikil dibener aja nganti katindihan, nuli asta karo angrangkul jengku patrap sidakep suku tunggal, darijining asta pada antuk ing selaning dariji kaya angapu rancang, jempol asta banjur winawas karo pucuking grana, nuli anata wetuning napas tanapas anpas nupus, aja nganti tumpang suh kumpule dadi siwiji, ing kono tinarik saka kiwa tumeka ing puser leren saantara suwene banjur katurunake anengen metu ing leng grana tengen kang alon aja nganti kasusu. Manawa wis sareh anarik napas maneh saka tengen tumeka ing puser leren saantara suwene banjur katurunake angiwa metu ing leng grana kiwa kang alon aja nganti kasusu, ambal kaping telu kaya mangkono panariking napas, wekasane manawa sareh anarik napas maneh saka kiwa mubeng anengen, saka tengen mubeng angiwa, kakumpulake dadi sawiji ana ing puser, banjur katarik manduwur bener kang sareh, leren tinata ana ing dada, banjur katarik manduwur maneh kang alon-alon, leren tinata ana ing sirah, ing kono angenengake cipta sarwi osik matrapake panjenenganing Dzat kaya mangkene :
“Ingsung Tajalining Dzat Kang Amaha Suci, Kang Amurba Amisesa kang Kawasa angandika kun fayakun, dadi saciptaningsun, ana sasedyaningsun, teka sakarsaningsun, ……………… anung………….. metu saka ing kudratingsun”. Manawa wis mangkono, adat pada sanalika bae kayektenan kang dadi tandane, nuli panariking napas katurunake metu ing leng grana karo pisan kang alon aja nganti kasusu, ing wekasan pasrah analangsa marang Dzat kita dewe.
Mungguh patraping panekungan iku prayogane bisaa kalakon ing saben sasi sapisan, arane amung saben ing dina ijabah bae aja nganti katowangan (kelalen), sabab ing kono waktuning katarima saliring panuwun, kaya kang kasebut kapratelakake ing ngisor iki.
1. Sasi Muharram, ijabahe tanggal kaping 9, karo tanggal kaping 10.
2. Sasi Mulud, ijabahe tanggal kaping 12.
3. Sasi Rejeb, ijabahe tanggal kaping 27.
4. Sasi Ruwah ijabahe tanggal kaping 15.
5. Sasi Pasa, ijabahe tanggal kaping 21, 23, 25, 27 utawa tanggal kaping 29.
6. Sasi Besar, ijabahe tanggal kaping 8 utawa tanggal kaping 9.
Liyane dina-dina ing duwur iku pada sepen tanpa dina ijabah.
Urut-uruting Arane Wahananing Dzat
Ing mengko amratelakake urut-urutaning namane Wahananing Dzat kang wis kasebut ing ngarep kabeh mau kaya ing ngisor iki.
CHAYU
Kang dinging Chayu tegese urip, diarani Chayun tegese panguripan, diarani maneh Chayat tegese anguripi, diarani maneh Chayu Daim tegese urip kang tetep, ananging sejatine iya among sawiji Chayu iku.
N U R
Kang kapindo Nur tegese Cahya, iku sejatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi limang pasebutan.
1. Nur Riyat tegese cahya samar, warnane ireng.
2. Nur Rani tegese cahyo loro, iya iku cahya kapindo, warnane abang.
3. Nur Mahdi tegese cahya sumirat, warnane kuning.
4. Nur Nubuwat tegese cahya kang santosa, warnane ijo.
5. Nur Muhammad tegese cahya kang pinuji, warnane putih
Mungguh grebane kabeh iku, kasebut Nurullah tegese cahyaning Allah.
S I R
Kang kaping telu Sir tegese rahsa, iku sejatine iya amung siwiji, ananging dinamani dadi nem pasebutan.
1. Sir Ibtadi tegese rahsa purba, iya iku dadi wahyaning asmaranala.
2. Sir Kahiri tegese rahsa wisesa, iya iku dadi wahyaning asmaratura.
3. Sir Kamali tegese rahsa sampurna, iya iku dadi wahyaning asmaraturida.
4. Sir Ngaji tegese rahsa mulya, iya iku dadi wahyaning asmaradana.
5. Sir Hakiki tegese rahsa sajati, iya iku dadi wahyaning asmaratantra.
6. Sir Wahdi tegese rahsa tunggal, dinamani Sir Gaibi tegese rahsa gaib, iya iku dadi wahyaning asmaragama.
Mungguh grebone kabeh iku kasebut nama Sirullah tegese rahsaning Allah.
R O H
Kang kaping pat Roh tegese nyawa utama suksma, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi pitung pasebutan.
1. Roh Jasmani tegese nyawaning jasad, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake anggaotaning badan, dingibaratake roh kewani tegese kaupamakake nyawa kang anguripi sato kewa.
2. Roh Nabati tegese nyawaning tumuwuh, iya iku wewanyanganing nyawa kang anuwuhake wulu kuku sapanunggalane, tumanem dadi uriping budi.
3. Roh Napsani tegese nyawaning napsu, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake hawananing napsu.
4. Roh Rochani tegese nyawaning suksma, iya iku wewayangananing nyawa kang anguripake warananing suksma.
5. Roh Rahmani tegese nyawaning kang sifat murah diarani Roh Rabani tegese nyawaning Pangeran, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake kahananing rahsa.
6. Roh Nurani tegese nyawaning cahya, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake wahananing cahya.
7. Roh Idlafi tegese nyawa kang wening diarani Roh Kudus tegese nyawa kang suci, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake ananing atma.
Mungguh grebone kabeh iku kasebut nama Rachullah tegese nyawaning Allah.
Dene terange wewejanganing Roh iku manawa karujukake karo wsiyate Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung, nalika musawaratan ngelmu kadawuhake marang Kyai Pangulu Ahmad Kategan, mangkene pangandika dalem.
Sejatine Roh iku sawiji minangka kahananing rahsa, binasakake nyawa utawa jiwa kasebut aran suksma, prabedane pada amawa tanda sowang-sowang.
1. Tandaning Roh iku anganakake getih.
2. Tandaning Nyawa anganakake keketek.
3. Tandaning Jiwa anganakake napas.
4. Tandaning Suksma anganakake rasaning jasad.
Ananging Suksma iku ana pepangkatane dadi pitung warna, iki sawiji-wijine.
1. Patemone jasad lan napas iku den arani Suksma Wahya tegese suksma lair.
2. Patemoning napas lan budi iku den arani Suksma Dyatmika tegese suksma batin.
3. Patemoning budi lan napsu iku den arani Suksma Lana tegese suksma tetep.
4. Patemoning napsu lan nyawa iku den arani Suksma Mulya tegese suksma mulus.
5. Patemoning nyawa lan rahsa iku den arani Suksma Jati tegese suksma nyata, den arani maneh Suksma Rasa tegese suksma rahsa.
6. Patemoning rahsa lan cahya iku den arani Suksma Wisesa tegese suksma wenang.
7. Patemoning cahya lan urip iku den arani Suksma Kawekas tegese suksma pungkasan.
Dene patemoning Suksma kabeh iku dadi Suksma Adi Luwih tegese suksma utama, yen kumpul dadi Retna Inten Jumanten, iku ngibarating martabat Wachidiyat, campur dadi Sasraludira, iku ngibarating martabat Wahdat, sampurna dadi Sotyaludira, iku ngibarating martabat Achadiyat, waluya dadi Manik Maya gumilang tanpa wewayangan tegese bali dadi Dzating nukat gaib, mulih marang azali abadi.
N A P S U
Kang kaping lima Napsu tegese angkara, iku sajatine iya mung sawiji, ananging dinamani dadi patang pasebutan.
1. Napsu Luwamah tegese angangsa, darbe hawa amarakake dahaga arip luwe sapanunggalane, hawane ing waduk, wahyane saka lesan kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot ireng, sampurnane anarik leburing wulu kuku.
2. Napsu Amarah tegese sereng, darbe hawa amarakake angkara, panasten deduka sapanunggalane, wahanane ing amperu, wahyane saka karna (kuping) kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot abang, sampurnane anarik leburing kulit getih.
3. Napsu Sufiyah tegese meles, dinamani napsu Suwiyah tegese adreng, darbe hawa amarakake murka, pepinginan pakareman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lelimpa, wahyane saka netra kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot kuning, sampurnane anarik leburing daging otot.
4. Napsu Mutmainah tegese jinem, darbe hawa amarakake loba, iya iku loba marang kautaman, kaya ta anglakoni puja brata tapa brata kang kalantur-lantur ora mawa watara, wahanane ing bebalung wahyane saka grana (irung) kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot putih, sampurnane anarik leburing balung sungsum.
Dene manawa kapatitisake witing napsu iku saka utek, dumunung ing ati dadi cipta, dumunung ing jantung dadi birahi, wetune saka jantung banjur dadi nupus, katampan ing ati maneh banjur dadi anpas, anunggal lakunimng getih banjur dadi tanapas, agambah marang maras banjur dadi napas, sumarambah ing jasad banjur ametokake swara saka lesan, mula sangkaning cipta birahi, nupus, anpas, tanapas, napas, swara, iku pada metu saka hawaning napsu kabeh.
A K A L
Kang kaping nem Akal tegese budi, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi limang pasebutan, manawa kaetung dalah kang arangkep nama dadi pitung pasebutan, pada anartani marang ngibarat namaning ati, kadadiyane anunggal pasebutan.
1. Budi Maknawi, iya ati manakwi tegese wahyaning budi.
2. Budi Sanubari, iya ati sanubari tegese wahananing budi.
3. Budi Suweda, iya ati suweda tegese woding ati, dadi ngibarat kahananing budi.
4. Budi Pu-at, iya ati pu-at tegese woting jajantung, dinamani budi jaki utawa ati jaki tegese ati suci dadi ngibarat pramananing budi.
5. Budi Siri, iya ati siri tegese rahsaning ati, dinamani budi safi utawa ati safi tegese ati wening dadi ngibarat pangrasaning budi.
Dene manawa kapatitisake pakartining budi iku diarani pancadriya, tegese ati lima, iya iku pangawasa kang metu saka rahsaning budi, peperangane dadi telung pangkat pada anglimang pakarti.
1. Diarani Karmendriya tegese purbaning budi, kayata : paningal, pamiyarsa, pangganda, pamirasa, pangrasa.
2. Diarani Antarendriya tegese antaraning budi kayata : keketek, napas, kedeping netra, rasaning lidah, kenyaming lambe.
3. Diarani Jayanendriya tegese wisesaning budi, kayata : karasaning kulit, parji, dubur, asta, sikil.
J A S A D
Kang kaping pitu Jasad tegese badan, iku sajatine iya mung sawiji, ananging dinamani dadi rong pasebutan.
1. Jasad Turab tegese badan kadadiyan saka lebu, dibasakake badan jasmani iya iku badan wadag.
2. Jasad Latip tegese badan alus, dibasakake badan rochani iya iku badan suksma.
Mungguh janjine badan wadag karo badan alus iku ora kena pisah, sangkan parane anunggal kahanan sajati, upama satu munggwing rimbagan, ananging wewangsulan ing tembe badan wadag iku luluh sampurna ana sajroning badan alus, kalimputan dening Chayu Daim tegese urip kang tetep dumunung ing kahanan kita pribadi, mula dipralambangi : warangka manjing curiga tegese badan wadag dumunung sajroning badan alus, nalika badan wadag isih dadi emban, lambange : curiga manjing warangka tegese badan alus isih dumunung sajroning badan wadag.
Pratikele Angluluh Ing Badan Wadag
Dene pratikele angluluh badan wadag mau, saka wsiyat dalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Susunan Pakubuwana I, kena kalanteh anglakoni tapa brata kaya ing ngisor iki.
1. Asesuci tegese taberi adus esuk.
2. Angengurangi dahar tegese dahara manawa banget luwe.
3. Angengurangi ngunjuk tegese angunjuka manawa banget kasatan.
4. Angengurangi sare tegese sareya manawa banget karipan.
5. Angarang-arangi pangandika tegese angandika manawa nganggo masa kala.
6. Anguda-uda sahwat tegese asahwata karo garwa manawa banget kangen.
7. Ambirat napsu tegese aja nganti angumbar hawa, angagema budi trima, lila, temen, utama.
Manawa wis bisa kalakon mangkono, angger ora kawistara, sarta dumunung ing asepen iya wallahu alam katarimane.
Dene manawa arep waskita dununging asepen, iku, sakaliring rupa kita kapasrahena marang kang adarbe rupa sakaliring swara kita kaulihena marang kang adarbe swara, paninggal kita, pamiyarsa kita, panganda kita pangrasa kita, pamirasa kita, pada kabalekena marang sangkane dewe-dewe.
Mungguh patrape anyidakake eninging rahsa, angawasake enenging pancadriya, tegese anglerenake saniskaraning ngaurip kabeh, manawa wis bisa mangkono, iya iku bebasan lungguh sarwa lumaku, lumaku karo andeprok, lumayu sarwa alinggih, ambisu karo carita, lunga sarwa aturu, turu karo amelek kaya mangkono ngibarate.
Iki Warahing Hidayat Jati, anuduhake dununge pangkating ngelmu makrifat wewejangan saka para Wali ing Tanah Jawa, sasedane Kanjeng Susuhunan ing Ngampeldenta, pada karsa ambuka wiridan kang dadi wijining wewejangan surasaning ngelmu kasampurnan dewe-dewe, wiyose iya uga asal saka Dalil Hadis Ijmak Kiyas, kaya kang wis kasebut ana sajroning Wirid kabeh, mungguh pepangkatane sawiji-wiji kapratelakake ing ngisor iki :
Kang dingin, saankatan nalika jaman awale nagara ing Demak, para Wali kang karsa amejang amung wolu.
1. Kanjeng Susuhunan ing Giri Kadaton, wewejangane, Wisikan Ananing Dzat.
2. Kanjeng Susuhunan ing Tandes, wewejangane, Wedaran Wahananing Dzat.
3. Kanjeng Susuhunan ing Majagung, wejangane, Gelaran Kahananing Dzat.
4. Kanjeng Susuhunan ing Benang, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-makmur.
5. Kanjeng Susuhunan ing Muryapada, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-muharram.
6. Kanjeng Susuhan ing Kalinyamat, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-mukaddas.
7. Kanjeng Susuhunan ing Gunungjati, wewejangane, Santosaning Iman.
8. Kanjeng Susuhunan Kajenar, wewejangane, Sasahidan.
Kang kapindo, ing saangkatan maneh nalika jaman akhire nagara ing Demak, para Wali karsa amejang iya amung wolu.
1. Kanjeng Susuhunan ing Giri Parapen, wewejangane, Wisikan Ananing Dzat.
2. Kanjeng Susuhunan ing Darajat, wewejangane, Wedaran Wahananing Dzat.
3. Kanjeng Susuhunan ing Atasangin, wewejangane, Gelaran Kahananing Dzat.
4. Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-makmur, banjur ambabar sagung kang dadi parabote amatrapake panjenenganing Dzat kabeh, nanging durung urut patrap panggonane ing sawiji-wiji.
5. Kanjeng Susuhunan ing Tembayat, kalilan dening guru Kanjeng Susuhunan Kalijaga, ambabarake wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-muharram.
6. Kanjeng Susuhunan ing Padusan, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-mukaddas.
7. Kanjeng Susuhunan ing Kudus, wewejangane, Panetep Santosaning Iman.
8. Kanjeng Susuhunan Geseng, wewejangane, Sasahidan.
Dene wewejangane kang wis kasebut ing duwur iku, surasane iya anunggal bae, amarga pada wewiridan saka pamejange Kanjeng Susuhunan Ngampeldenta kabeh, mula ing mangko kaimpun dadi sawiji, supaya gampanga enggonku angrasakake riwayating Dalil Hadis Ijmak Kiyas, sarehne hakekate Dzating Pangeran Kang Amaha Suci iku binasakake luwih dening gaib, tanpa warna tanpa rupa, asifat dudu lanang, dudu wadon, dudu wandu, sarta ora mawa jaman, ora arah ora enggon, amung cipta-sasmita dumunung ana waskita, wewisikane ora ana apa-apa, sakehe kang kasebut iku dudu sajatining Dzat kabeh, ananging kang wajib kaimanake amung Ingsun.
Mungguh wewisikane kang wis waskita iku, manawa durung bisa anampani ing panggalih, prayoga amarsudi ing surasane pangimpuning para wewejangan kabeh, kaya kang kasebut ana Warahing Hidayat Jati mangkene.
Sajatining Dzat Kang Amaha Suci iku asifat Esa, dibasakake Dzat mutlak kadim azali abadi, tegese asifat sawiji, kang amasti dingin dewe nalika isih awang0uwung salawase ing kahanan kita, iya iku jueneng pribadi, ana sajroning nukat gaib kang keluwih langgeng, ing kono amedarake kurat iradate dadi pitung kahanan, minangka warnaning Dzat, dadi wahananing sifat, asma afngal kabeh, ing ngisor iki babare sawiji-wiji.
1. Chayu, tegese urip, dumunung sajabaning Dzat.
2. Nur, tegese, cahya, dumunung sajabaning Dzat.
3. Sir, tegese rahsa, dumunung sajabaning cahya.
4. Roh, tegese nyawa, diarani sukma, dumunung sajabaning rahsa.
5. Napsu, tegese angkara, dumunung sajabaning sukma.
6. Akal, tegese budi, dumuning sajabaning napsu.
7. Jasad, tegese badan, dumunung sajabaning budi.
Denen Chayu, iku kang kapasrahan pangawasaning Dzat, kinarsakake anguripi kahananing cahya, rahsa, sukma, napsu, budi, badan kabeh, sumarambah saka ing wiwitan tumeka ing wekasan, mungguh wewijangane kaya ing ngisor iki.
1. Ing nalika kayu anguripi kahananing cahya, sumarambah ing netra ing netra, wahanane dadi bisa aningali iya iku paningaling Dzat angagem ing netra kita.
2. Ing nalika kayu anguripi kahananing rahsa, sumarambah ing grana, wahanane dadi bisa angganda, iya iku panggandaning Dzat angagem ing grana kita.
3. Ing nalika kayu anguripi kahananing suksma, sumarambah ing lidah, wahanane dadi bisa angandika, iya iku pangandukaning Dzat angagem lesan kita.
4. Ing nalika kayu anguripi kahananing napsu, sumarambah ing talingan, wahanane dadi bisa amiyarsa, iya iku pamiyarsaning Dzat angagem ing karna kita.
5. Ing nalika kayu anguripi kahananing budi, sumarambah ing ati, wahanane dadi bisa birahi anduweni karsa, iya iku karsaning Dzat angagem ing ati kita.
6. Ing nalika kayu anguripi kahananing jasad, sumarambah ing getih, wahanane dadi bisa ambekan, banjur anuwuhake wulu kuku sapadene, iya iku afngaling Dzat angagem ing saulah kita, saestu ora beda ing nalika amratandani agngal sajroning alam, banjur bisa amolahake srengenge rembulan angin sapanunggalane, saisen-isening alam kabeh , pada dumunung ana ing purba wisesaning Dzat kaya kang kasebut ing ngisor iki :
a. Dzat amurba Kayu, tegese Dzat iku witing urip.
b. Kayu amisesa Nur, tegese urip iku amengku wahyaning cahya.
c. Nur kang misesa Sir, tegese cahya iku amengku uriping suksma.
d. Sir amisesa Roh, tegese rahsa iku amengku uriping suksma.
e. Roh amisesa Napsu, tegese suksma iku amengku uriping napsu.
f. Napsu amisesa Akal, tegese napsu iku amengku uriping budi.
g. Akal amisesa jasad, tegese budi iku amengku uriping jasad. Mungguh baline mangkene.
Jasad kawisesa dening budi, budi kawisesa dening napsu, napsu kawisesa dening suksma, suksma kawisesa dening rahsa, rahsa kaisesa dening cahya, cahya kaiwisesa dening urip, urip kapurba Dzat, mulane wahananing urip iku tanpa wangenan karo ananing Dzat, iya urip kita iku Dzating Gusti Kang Amaha Suci Sajati, aja uwas sumelang ing galih.