Sedulur Papat Lima Pancer 4

Sedulur Papat Lima Pancer

Piwulang kang kasebut ing Serat Agutara Nikaya punika nyimpen wewados ingkang kadhapur kalimpadaning basa ingkang pikajenganipun asung piwulang dhateng kita, yen sadaya pandamel punika sayogi katindhakna kanthi papadhanging angen-angen. Menggah piwulang kalawau badhe kawedharaken kados ing ngandhap punika:

1. Aja ngandel pituturing wong. Menggah pikajenganipun kita sampun ngandel dhateng pituturing tiyang ingkang boten kaseksen tuwin ingkang boten miturut dhateng gumela ring akal sarta ingkang boten saged kaseksen dening papadhanging nalar.

2. Aja ngandel marang wirayat kuna amarga saka lawase. Pikajenganipun tembung lawas = luwas = lawas = suwe = tebih = memet = lebet. Artosipun punika sagedipun kita ngandel, inggih manawi kita sampun saged njajagi maksudipun wirayat wau.

3. Aja ngandel pawarta amarga akeh kang ngandhaake. Pikajenganipun sampun ngantos ngandel dhateng pawartosipun tiyang ingkang sampun misuwur, cidra, sanadyan maneka warni kasagahanipun prayogi boten kapaelu.

4. Aja ngandel thok waton layang karangane wong wicaksana ing jaman kina.

5. Pikajenganipun sampun ngantos ngandel kemawon dhateng sadaya serat-serat kina. Awit serat-serat wau upami mungela abrit saged ugi maksudipun cemeng. Inggih serat makaten punika ingkang kedah kita jinggleng maksud suraosipun. Sadaya serat piwulang punika sami dinapur pralampita , dene badharing pralampita wau muhung saking pangertosan kita pribadi.

6. Aja ngandel waton saka kira-kira. Wus matuh lawas koanggep bener.

7. Pikajenganipun sakathahing pandamel punika esahipun manawi sampun wonten cihnanipun. Kita prayogi manuta lan anglenggahana kawontenaning jaman ingkang saweg dipun alami. Sanadyan kaanggep sae, luhur tuwin mulya tumrap ing jaman ingkang sampun kapengker, ananging yen ing samangke sampun boten njamani, inggih kedah kaberat ingkang rila. Awit yen boten makaten, tangeh sagedipun kita manggih karaharjan lan kamulyan.

8. Aja ngandel marang gurumu lan para pandhita amarga saka panguasane. Pikajenganipun mrayitnani dhateng pratingkahing para ingkang ngaken dados guru ingkang sami papacak; kudu manut miturut lan kudu asih tresna marang gurumu lan marang pandhuwuranmu sabab kadhudhuwuranmu iku dadi wakile Kang Maha Kuwasa. Lha inggih makaten wau manawi boten kita prayitnani, temah saged ugi dhumawah ing kasangsaran. Dene sanyatanipun ingkang wajib asih tresna punika ratu tumrap ing kawula, bapa biyung tumrap ing anak, guru tumrap murid. Yen sanyata asih trus ing lahir batos sampun tamtu kawula sami amangsul sih katresnan ingkang boten mawi pinarentah.

Pujine Anasiring Manusa

1. Asal Bumi, rupane ireng, kadadiyane wujud- kita hakikate Dzatira, iku dadining kulit daging, pujine…” Waashadu anna Muhammadarasulullaah “
2. Asal Geni, rupane kuning, kadadiyane nur-kitasifatira iku, dadine otot, balung, pujine…” Ashadualla ilaha illallaah “
3. Asal Angin, rupane ijo, kadadiyane ilmu-kita af’al iku, dadining panguwasa, pujine…” Lasariikalaahu lailaha illallaah ”
4. Asal Banyu, rupane putih, kadadiyane suhud-kita, hakekate asmanira, iku dadining geting lan sumsum, pujine…” Sahitna ‘ala anpusina wa sbit ‘indana innahu lailahaillahuwa ”

Pujine Wijining Manusa

1. Wadi iku rupane abang, kadadiyane getih-kita, pujine ” Layakrifu ilallaah “
2. Madi iku rupane kuning, kadadiyane banyu-kita, pujine ” Lamakbuda ilallaah “
3. Mani iku rupane ijo, kadadiyane penguwasa-kita, pujine ” Lamujuda ilallaah “
4. Manikem iku rupane putih, kadadiyane cahya-kita, pujine ” Layatkuru ilallaah “

Pujine Ati Patang Prakara

1. Ati Sanubari, iku wisesaning rasa, rupane ireng, plawangane kaharullah, dununge alam sulpil, pujine ; ” Allahu…Allahu “, iku sampurnaning pangucap.
2. Ati Maknawi, iku purbaning rasa, rupane kuning, plawangane kamahullah, dununge alam sulbi, pujine ; ” Allah…Allah “, iku sampurnaning pamiyarsa.
3. Ati Siri, iku sampurnaning rasa, rupane ijo, plawangane jalahullah, dununge alam topek, pujine ; ” Hu…Hu…Hu “, iku sampurnaning pangambu.
4. Ati Pu-at, iku sirnaning rasa, rupane putih, plawangane jamalullah, dununge alam sabit, pujine ; ” Annalkaka … annalkaka “, iku sampurnaning paningal.

Pujine Napsu Patang Prakara

1. Lawwammah, iku af’aling urip, rupane ireng, plawangane cangkem, dununge ing waduk, pujine ; ” Ya Hu…Ya Hu “, iku sapurnaning cipta lan ripta.
2. Amarah, iku asmaning urip rupane kuning, plawangane ing kuping, dununge ing jantung, pujine ; ” Ilah…Ilah “, iku sampurnaning sir lan angen-angen.
3. Supiyah, iku sifating urip rupane ijo, plawangane ing irung, dununge ing amperu, pujine ; ” Imanahu …Imanahu “, iku sampurnaning osik lan meneng.
4. Muthmainah, iku Dzating urip, rupane putih, plawangane ing mata, dununge ing pepusuh, pujine ; ” Hu…Hu…Hu “, iku sampurnaning budi lan rasa.

Pujine Nafas Patang Prakara

1. Napas, iku tetalining urip, iya tetalining ruh, rupane ireng, plawangane Af’alullah, dununge ing lesan, pujine ; ” Laa ilaha ilallaah “, iku sampurnaning kulit daging.
2. Tanapas, iku pamiyarsaning ruh, rupane kuning, plawangane Asma’ullah, dununge ing kuping, pujine ; ” Allahu… Allahu “, iku sampurnaning balung lan otot.
3. Anpas, iku panggonaning ruh, rupane ijo, plawangane Sifatullah, dununge ing gigir, pujine ; ” Allah…Allah “, iya iku sampurnaning geting lan sumsum.
4. Nupus, iku paningaling ruh, rupane putih, plawangane Dzatullah, dununge ing netra, pujine ; ” Ya Hu…Ya Hu “, iku sampurnaning pangawasa lan napsu.

Pujine Badan

Pujine Utek :  ” Rasulun Rabbil’alamiin ”
kuwasane luput tujuh teluh dadi tawar

Pujine Kuping tengen : ” Alliyatan ilahu rabbi ‘umum ”
kuwasane ngilangake bilahi kabeh

Pujine Kuping kiwa : ” Samikna wa ‘atakna guprana karabbasa wa’llekal massiir ”
kuwasane ngilangake pakewuh kabeh

Pujine Sirah : ” Padaraktum ”
kuwasane nglerebaken kang sarwa galak kabeh

Pujine netra : ” Kudusun rabbana wa rabbul malaikatu wa ruh ”
kuwasane kinaweden dening wong lanang wadon

Pujine napas : ” Haplil palubuti ngalla yasin ”
kuwasane kinasihan wong sajagad kabeh

Pujine Gigir : ” Nawaitu minal kibari pibigalikad hapika karja ”
kuwasane teguh timbul

Pujine  Otot : ” Parekun parekanun wa’ljannatun nangimum cipta katon cipta ora katon ”
kuwasane amurba ora katon

Pujine  Awak kabeh : ” Inna fatokna iakafakan mubinin ” lamun arep malebu ing omah
kuwasane  slamet rahayu

Pujine Ati : ” Nasrun minallahi wa patekun karibun wa kasiril mukminin ”
kuwasane awake katon gede

Pujine Amperu : ” Layastakli panahum ”
kuwasane kinawedan dening wong tur bagus rupane kang muji

Pujine Sikil : ” Sari mal maruna ”
kuwasane ora katon

Pujine Pepusuh : ” Fasayakfikahumullahu, wahuwassami’ul ‘aliim ”
kuwasane luput senjata tawa

Pujine Dalamake : ” Sangan  sangun yuhyi wayumitu wahuwa allah lakuli sekkin katdir ”
kuwasane betah lumaku lan lumayu


Pujine Dina Pitu

1. Dina Ahad ; ya kayu ya kayumu, nabi Adam kang ndarbemni, lakunya tidak boleh nginang sehari semalam, ahad lakune ing surya, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat limang leksa.
kuwasane : lungguhe ing wulu, teguh ora kena winekang, lan ora katon

2. Dina Senen ; ya rahmanu ya rahima, nabi’ullah kang ndarbeni, lakune nyegah iwak sadina sadalu, senen uripe ning wulan kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat kawan leksa.
kuwasane : lungguhe ing kulit, teguh kang kena binenggang

3. Dina Selasa ; ya maliku ya kudusu, nabi Isa kang ndarbeni, lakune apasa sadina sadalu selasa uriping lintang kang rumeksa sadino lawan sawengi, malekat tigang leksa.
kuwasane : lungguhe ing bebayu, angumpulake cahya kabeh

4. Dina Rebo ; ya kabiru ya muntaha, pepitu uripipun nabi Ibrahim kang ndarbeni, lakune nyegah toya sadina sadalu, rebo bumi uripira kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat pitung leksa.
kuwasane : lungguhe ing daging, teguh tan kena winangenan

5. Dina Kemis ; ya ngalim ya ngalimu, wewolu uripipun, nabi Idris kang ndarbeni, lakune nyegah uyah sadina sedalu, kemis dahana uripnya, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat wolung leksa.
kuwasane : lungguhe ing otot, teguh sajege urip

6. Dina Jumungah ; ya kafi ya muqni, ya enem uripipun, nabi Rasul kang ndarbeni, lakune nyegah pangan sadina sadalu, jumungah lakune barat, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat leksa.
kuwasane : lungguhe ing bebalung, sekti mandraguna

7. Dina Saptu ; ya fatah ya rajah, sesanga uripipun, nabi Iskhak kang ndarbeni, lakune datan mendra, sadina sadalu, saptu uripe ing toya kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat sangang leksa.
kuwasane : lungguhe ing sumsum, angumpulaken sakehing rasa kabeh

8. Dina pitu lakon solan salin, mung sadina sawengi salinnya, pan akatah supangate, sarta anganggo laku lakunira solan salin, puji lan nabirira, myang cecegahipun apa kajate tinekan, lan malati ora kena den langkahi wayangane kang maca.

Serat sastra gending “20 petunjuk “aksara” ( Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma )

1. Sastra Jawa
“Kawuri pangertine Hyang, taduhira sastra kalawan gending, sokur yen wus sami rujuk nadyan aksara jawa, datan kari saking gending asalipun, gending wit purbaning kala, kadya kang wus kocap pinuji”.
Terjemahannya:“Pemusatan diri pada Hyang, petunjuknya berupa sastra (syariat) dan bunyi gending (Manipat). Jika telah disepakati (bersama), meskipun aksara jiwa tidak meninggalkan bunyi gending asalnya, bunyi gending sejak jaman purbakala, seperti yang telah diucapkan terdahulu.”

2. Sastra Jawa
“Kadya sastra kalidasa, wit pangestu tuduh kareping puji, puji asaling tumuwuh, mirit sang akadiyat, ponang : Ha na ca ra ka : pituduhipun, dene kang : da ta sa wa la; kagetyan ingkang pinuji”.
Terjemahannya:
“Seperti halnya sastra (aksara jawa) yang dua puluh (adalah) sebagai pemula untuk mencapai kebenaran, yang mempatkan petunjuk akan makna puji, serta puji kepada segala sumber yang tumbuh (atau hidup); memberikan (mirit) ajaran akadiyat berupa ha na ca ra ka, petunjuknya. Sedang da ta sa wa la, adalah berarti kepada (kepada Tuhan) yang dipuji”.

3. Sastra Jawa
“Wadat jati kang rinasan, ponang: pa da ja ya nya; angyekteni, kang tuduh lan kang tinuduh, pada santosanira, wahanane wakhadiyat pembilipun, dene kang : ma ga ba ta nga, wus kenyatan jatining sir”
Terjemahannya:“Wadat jati yang dirasakan berupa: pa da ja ya nya; adalah yang menyaksikan bahwa yang memberi dan yang diberi petunjuk adalah sama teguhnya; tujuannya (adalah) mendukung dan akhadiyat, sedang: ma ga ba ta nga (berarti) sudah menjadi nyata (keadaan) sir yang sejati?’.

4. Sastra Jawa
“Pratandane Manikmaya, wus kenyatan kawruh arah sayekti, iku wus akiring tuduh, Manikmaya an taya, kumpuling tyas alam arwah pambilipun, iku witing ana akal, akire Hyang Maha Manik”.
Terjemahannya:
“Tanda (daripada) Manikmaya (terlihat) juga sudah nyata pengetahuan akan tujuan yang sesungguhnya, itulah akhir dari pada petunjuk; Manik Maya adalah Tiada/Taya (suwung) (yaitu) bersatunya hati dengan alam arwah; itulah saat mulanya ada akal, dan adalah akhir dari pada Hyang Maha Manik”.

5. Sastra Jawa
“Awale Hyang Manikmaya, gaibe tan kena winoring tulis, tan arah gon tan dunung, tan pesti akir awal, manembahing manuksmeng rasa pandulu, rajem lir hudaya retna, trus wening datanpa tepi”.
Terjemahannya:
“Kegaiban dari awal Hyang Manikmaya tak dapat diramu atau diungkap dengan tulisan, tiada awal dan tiada tempat, tiada arah dan tiada akhir; sembahnya (dengan) melebur ke dalam rasa penglihatan, (bersifat) tajam bagaikan pucuk manikam, jernih tembus tak bertepi”.

6. Sastra Jawa
“Iku telenging paningal, surah sane kang sastra kalih desi, lan mirit sipati rong puluh, sipat kahananing dat, ponang akan durung ana ananipun kababaring gending akal, Manikmaya wus kang ngelmi”.
Terjemahannya:
“Itulah pusat penglihatan, makna daripada dua puluh aksara, dan (juga) mengajarkan sifat dua puluh, sifat keadaan Dat, ketika akal belum mengada (ada) terurai dalam kata-kata (yang) menyatakan akal, Manikmaya itulah Ngelmi”.

Animated Pictures Myspace CommentsAnimated Pictures Myspace Comments